𝑻𝒆𝒅𝒂𝒌 𝑺𝒊𝒕𝒆𝒏

𝑲𝒆𝒍𝒐𝒎𝒑𝒐𝒌 4
Alexandra Felicita S.
Azlia Qothrunnada
Dionisius Christ D.
Nabilla Deffa M.A
Nudiya Hasna R.
Yulina Budi P

𝑻𝒆𝒅𝒂𝒌 𝑺𝒊𝒕𝒆𝒏

Asale saking tembung tedhak/ idhak/ mudhun uga siten (lemah) Upacara punika kagem perlambang lare ingkang siyap-siyap nglampahi urip liwat tuntunan tiyang sepuh. Dipunwontenaken menawi lare sampun yuswa 7 selapan utawi 245 dinten. Upacara Injak Tanah wonten laladan Jakarta dening Suku Betawi utawi ugi wonten ingkang dipunarani “Mudhun Lemah” lan “Udhun-udhunan”

Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masarakat Jawa yèn lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéan kang ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka kang njaga lemah. Anggoné nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

𝑼𝒃𝒂𝒓𝒂𝒎𝒑𝒆

1. 𝐏𝐞𝐧𝐠𝐚𝐫𝐨𝐧 ingkang dipunisi kembang setaman
2. 𝐊𝐮𝐫𝐮𝐧𝐠𝐚𝐧, kagem nggambaraké menawi donyanipun lare taksih sekedhik utawi ciut.
3. Werna-warni barang ingkang dipunséléhaké sajeroning
kurungan ingkang nggambaraké laminipun urip, manungsa gadhah kawajiban madosi "nafkah", kaya ta:
a. Pari sabengket
b. Kapuk sabengket
c. Piranti nulis
d. Bokor kang diisi beras kuning
e. Werna-warna jinis dhuwit
f. "Perhiasan"
4. 𝐊𝐥𝐚𝐬𝐚 ingkang taksi anyar, kangem lémèk ing dalem kurungan.
5. 𝐁𝐚𝐤𝐚𝐫𝐚𝐧 𝐩𝐢𝐭𝐢𝐤, ingkang nggambarakén pedoman uripipun lare.
6. 𝐓𝐚𝐧𝐠𝐠𝐚 𝐭𝐞𝐛𝐮 '𝐚𝐫𝐣𝐮𝐧𝐚', inggih punika tebu angkang wernané ungu ingkang nggambarakén undhak-undhakané urip ingkang badhe dipunlakoni lare.
7. 𝐉𝐚𝐝𝐚𝐡 𝐩𝐢𝐭𝐮𝐧𝐠 𝐰𝐚𝐫𝐧𝐢, inggih punika abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kangem ngemutakén lare menawi urip kudhah waspada saking godaan werna-werni.
8. 𝐁𝐚𝐧𝐜𝐚𝐤𝐚𝐧, kadhos sekul gudhangan ingkang dibagékake maring para tamu ingkang rawuh.

𝑹𝒂𝒏𝒕𝒂𝒎𝒂𝒏

𝐓𝐞𝐝𝐡𝐚𝐤 𝐣𝐚𝐝𝐚𝐡 𝐩𝐢𝐭𝐮𝐧𝐠 𝐰𝐚𝐫𝐧𝐚, yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna kang padhang nganti warna kang peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan kang dirasakaké mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

𝐌𝐮𝐧𝐠𝐠𝐚𝐡 𝐚𝐧𝐝𝐡𝐚 𝐭𝐞𝐛𝐮 𝐚𝐫𝐣𝐮𝐧𝐚, tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak kang munggah tebu iku bisa duwé solah bawa kaya déné arjuna.

𝐌𝐥𝐚𝐦𝐩𝐚𝐡 𝐢𝐧𝐠 𝐩𝐚𝐬𝐢𝐫, bocah dipuntuntun kangge mlampah ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ateges : ingkang sampun gedhe saget nyukupi kabutuhanipun.

𝐊𝐮𝐫𝐮𝐧𝐠𝐚𝐧, kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kaya ta kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan kang dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwé pagawéan mau.

𝐍𝐲𝐞𝐛𝐚𝐫 𝐝𝐮𝐰𝐢𝐭 𝐥𝐨𝐠𝐚𝐦, bapak kaliyan simbahipun bocah nyebar duwit logam. Nggadahi teges : supados bocah ingkang sampun dewasa saget dados bocah ingkang dermawan.

𝐒𝐢𝐫𝐚𝐦𝐚𝐧, kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kulawarga kaya ta banyu kembang kang kanggo acara siraman anak mau.

𝐃𝐚𝐧𝐝𝐚𝐧𝐢 𝐛𝐨𝐜𝐚𝐡, bocah dipundandani ngagem rasukan ingkang resik lan apik. Gadah teges : bocah nggadahi dalan urip ingkang apik lan saged nyukupi kaluwargane.

𝑽𝒊𝒅𝒆𝒐